Sejarah Pedukuhan Celan Mula Bukane Dusun Celan
Padukuhan Celan dumadi saka 10 RT. Mula bukane ora patia cetha kepiye mula bukane. Nanging manut critane para sepuh, Celan jaman semana dadi papan kanggo leren para among dagang seka China kang padha dedagangan neng pasar Beran kang saiki dadi jeneng Mangiran. Papanne ana pinggir kali Progo, mula ora mokal dadi ampiran prau para saudagar China sing arep dedagangan neng pasar Beran. Awit Kaliprogo duk nalika semono dadi jalur transportasi sing gampang lan cepet tinimbang liwat darat.
Wis dadi lageyan, adat saben yen bangsa China kang dedagangan padha manggon ngumpul dadi siji lan nggawe kelompok utawa komunitas padatan anggone mapan cedhak ing pusat dagang utawa pasar. Semono uga Celan kang cedhak karo pasar Beran dadi papan kanggo manggon sakwetara para saudagar seka China.
Wektu kuwi saudagar kang kondhang lan dadi pocapan merga sugih lan ayu jenenge Cik Lan. Piyayine loma ora mbedak-mbedake asal usule wong lan seneng nulung. Pegawene okeh-okehe malah wong pribumi. Cik Lan ora omah-omah, ora duwe anak lan neng kono ora duwe sedulur. Ana sing kandha menawa Cik Lan dadi simpenane pendhuwur kumpeni kang dilereni ning diwenehi sangu kanggo dagang. Saben-saben ana reribet Cik Lan dadi jujukan. Wong-wong kiwa tengen kono angger-angger nyebut Cik Lan, Cik Lan. Suwe-suwe dadi Celan. Kuwi mula bukane desa Celan. Kepiye crita sakbanjuran bab Cik Lan ora ana wong ngerti. Ana sing kandha Cik Lan bali neng negarane, ana sing kandha Cik Lan lara lan digawa lunga ditambakke karo kanca saudagar menyang Semarang. Kabeh tinemu akal. Pada warga Celan kang saiki akeh sing dadi pedagang.